cariuang-diinternet.com/?id=adityaun Adit's Blog: lirik lagu shalawat

Total Tayangan Halaman

Kamis, 25 September 2014

lirik lagu shalawat



TOMBO ATI

Tombo ati iku ono limang perkoro
Kaping pisan moco Qur’an sakmaknane
Kaping pindho sholat wengi lakonono
Kaping telu dzikir wengi ingkang suwe
Kaping papat weteng iro ingkang luwe
Kaping limo wong kang sholeh kumpulono
Salah sawijine sopo bisa anglakoni
Insya Allah Gusti pangeran ngijabahi
Eling 2x donya iku bakal sirno
Gunung hancur, langit hancur, mrono 2x
Susah getun, nlongso tenan wong kang mati
Sebab ora duwe amal kang pinuji
Najan sambut sikso nroko ra peduli
Geni murup banyu mbludak nggegirisi
Aduh 2x sambate ahli naraka
Badan mlonyoh ngolah ngalih tambah lara
Allohhuma sholi washalim ‘ala
Sayyidina wamaulana muhammadin
Ada dama bi’ilmila hisholatan
Daimatan bida’wami mulkilahi


JAMAN WUS AKHIR

Jaman wus ahkhir 2x wus keren-keren
Ngamal sembahyang 2x jo leren-leren
Jaman wus akhir 2x bumine goyang
Mrikso umate 2x ora sembahyang
Anane goyang 2x jenenge lindu
Amargo akeh 2x dosane iku
Kang pirang 2x wong kang wudlunene
Wong kang wudlune 2x bakal sembahyang
Aduh wong urip 2x bakale mati
Tentu sucine 2x banyu kang suci
Terus den buntel 2x lawon kang putih
Lamun wong mati 2x jo ditangisi
Terus den elih 2x amben bandoso
Siro welaso 2x nyang kuburanku
Siro wus mati 2x jo ditangisi
Yen ditangisi 2x keduman rupo
Wong Islam kabeh 2x iku dulurku
Angelingono 2x siksane kubur
Wus kadung ajur 2x jeroning kubur
Daging balungku 2x pating paleseh
Dadi wong lanang 2x biso’o mulang
Yen ora biso 2x ora bersatu
Dadi wong wadon 2x sing seneng ngaji
Yen ora bisa 2x bakale rugi
Dadi wong lanang 2x biso’o noto
Yen ora biso 2x ora bersatu
Dadi wong wadon 2x sing ngati-ati
Ojo nuruti 2x senenge ati






Nabi MuhaMmmad SAW

Nabiku nabi Muhammad
Ingkang romo sayid Abdullah
Ingkang ibu Siti Aminah
Wiyos dalem wonten ing Mekah
Dino senen ing wayah subuh
Sasi april tanggal rongpuluh
Kaping rolas robbiul’awal
Titi mongso kudu diapal
Ing taun fil wiyose nabi
Limo pitu ji taun masehi
Allohhuma Sholli ‘ala
Muhammad Rosulillah
Ya Robbi Sholli ‘ala
Wassalim ‘ala dawan


Sholawat Badar

Sholatullah Shalamullah
‘Ala Toha Rosulillah
Sholatullah Shalamullah ‘ala Yasin Habibilah
Tawasalna Bibismillah Wabilhadi Rosulillah
Waqullimuja Hidilillah Biahlilbad Riya Allah


YA ROBBIBIL MUSTHOFA

Yarabbibil mustofa
Balighmaqo sidana
Wafir lana mamadho
Y a wasi’a karomi
Ayo podho sholat
Kanggo sangu neng akhirat
Pitulas raka’at
Rino wengi ojo telat
Yen sregep sholat
Bakal jejeg agamane
Yen ninggal sholate
Bakal rubuh agamane
Muslimin sedoyo, kakung putri enom tuwa
 Mumpung sih neng ndonya ojo ninggal sholat limo
Wis nyoto sholat kuncine suarga
Wis nyoto sholat cagake agama
Suk dino kiamat kabeh amale­ dihisap
Amal becik dadi pahalamu
Amal ala dadi siksamu


 YA ROSSUL ALLAH

Ya nabi salam ‘alaika ya marhaban
Ya rosul salam ‘alaika ya marhaban
Ya habib salam ‘alaika ya marhaban
Sholawatuloh ‘alaika ya marhaban
Allahhuakbar 2x
Allah-Allahuakbar



Sholawat Nariyah


Allahuma sholi shalatan
Khamilatan wassalim salaman
Taman ngala sayidina muhammadiniladzi
Tanhalu bihil ngukodhu
Watan fariju bihil kurobu
Watukdho bihil khawaiju
Watunalu bihirroghoibu
Wakhusnul khowatimi
Wayustasqol ghomamu
Biwajhihil karimi
Wa’ala alihi
Washobihi fi kuli
Lamkhatin wanafasin
Wanafasin bingadadi
Kulli mak lumilak


SHOLAWAT

Maula ya sholli wassalimda iman a’bada
Ngala habibika khoirilkholqi qullihimin
Huwal habi bulladzi turja sfaffa ngatuhu
Likulli hauli minal ahwa limuqtahimi
Kanggo wong kang nindakke ojo miring sholate
Allah bakal mulyakke limang drajate
Reff : Sholawat
Siji ngilangi rupeke pangupa jiwane
Loro ngilangi seksane besuk ing kubure
Reff : Sholawat
Telu diparingake catetan amalane
Nganggo asto kang tengen nunggu wektu nampane
Reff : Sholawat
Papat lir kilat nguwot sirotol mustaqime
Limo manjing suwargo tanpo ono hisape
Reff : Sholawat
Kanjeng Nabi Muhammad iku paring syafa’at
Dhumateng tiyang ingkang sami maos shalawat


  
  EMAN TEMEN

Sholli wassalimda iman alahmada 2x
Wal aliwal asha bimangqodwahada 2x
Eman temen wong sugih ora sembahyang 2x
 Nabi Sulaiman luwih sugih yo tetep sembahyang 2x
Eman temen wong mlarat ora sembahyang 2x
Nabi Ayyub luwih mlarat yo tetep sembahyang 2x
Eman temen wong bagus ora sembahyang 2x
Nabi Yusuf luwih bagus yo tetep sembahyang 2x
Eman temen wong ayu ora sembahyang 2x
Siti Fatimah liwih ayu yo tetep sembahyang 2x
Eman temen wong pinter ora sembahyang 2x
Nabi Muhammad liwih pinter yo tetep sembahyang 2x



MIRENG ADZAN

He sedulur sawise ono adzan
Ojo padha ketungkul omong-omongan
Enggal-enggal padha wudlu nuli dandan
Mlebu mesjid nglakonono kesunatan
Sholat sembahyang ojo nganti ketinggalan
Tunggu imam disambi puji-pujian
Allohhumasholi’ala Muhammad
Yarobbisholli’alai wassalim
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar